REUNI SPGN 1 SURABAYA 2014

REUNI SPGN 1 SURABAYA 2014

Senin, 17 Agustus 2015

REUNI 17 AGUSTUS 2015

     Ono daleme Ibu Elfa, kakunge, lan putra sakmantune ing dina becik, Sumo Pitulas Agustus rongewu limalas ngudang kanca kancane SPGN1 kang wis dadi wong kabeh. Acata ini dianakake nganggo dibandani dhewe karo Ibu Elfa sakuluarga. Wismanipun wonten BP Jalan Cimanuk No. 20 RT 3 RW 5 KEBO MAS - GRESIK. Senajan sing rawuh ora akeh, nanging guyub. Panganan turah-turah. Sadurunge dhahar dijak Sholat Jamaah luwih dhisik karo tuan rumah. Sakwise wareg terus bahas rencana ngumpulake manungsa sing naliko iku nggolek Ilmu ing Jalan Teratai Suroboyo karo ngumpulake guru-guru SPG sing isih Ono. Panggonane ono ing SD Muhammadiyah IV Suroboyo. Uba rampene Rp 150.000,00. Ketua Panitia Drs. H. Moh. Naim, M.Pd. Wiwit dina iki kabeh kudu nggoleki balung pisah. Muga-muga bisa nglumpuk wong 70 mendhuwur, kaya dene kamardekan kita,
     Matur nuwun karo Ibu Elfa sakeluarga sing maringi hidangan turah-turah lan matur nuwun karo konco-konco sing melu nggowo buah, minuman, lan liyo-liyane kang ugo disuguhake karo tuan rumah. Konco-konco AYO KERJO nggoleki kanca sing wis morat-marit. Rencanane diadakake wulan OKTOBER 2015. Mugo--mugo kasembadan gegayuhanne awak dhewe.
     Sing wis oleh konco lan nemu nomor HP ndang dikirimake menyang nomor 085103033022 a.n Rudy SP. Sing durung WA, nomore diuripake sing ono WA ing Grouf SPGN1 Tahun 1981.